Sabtu, 30 Desember 2017

Keindahan Bahasa Wangsalan Dalam Cakepan Tari Bedhaya Pangkur

Padhang bulan kakêncaran | sêdhênge purnamasidhi || jru dêmung ingêla-êla | kawilêt lang-langan lalu | lêng-lêng kalingan kalalun | kalangên langêning brôngta | ngarang mirong-mirong rangu-rangu | karungrungan mangiriya | riyaning tyas lir tinutus ||

Puspa krêsna ing astana | kalabang sinandhung murub | karênan marang sihipun | satriya andêling yuda | surasaning saning tyas wulangun | wilatung buntal sorotan | anggung katingal wong agung ||

Dêlanggung roro parannya | jangkrik gunung wong angrangkung | kadi tan nyimpang siringsun | kramane pulasing wayang | sata wana wana akêkuncung | mêrak ati warnanira | bandera lit sun lêlayu ||

Minarda ing pakêdhungan | patinggi tilar dhêdhukuh | baya kasusahan wuyung | walulang rineka janma | kukus gantung gantung jêbug arum | wayangane kang sinawang | sumapala polahipun ||

Atmaraga minangkara | tan sawala langêning ywun | srênging karsa kêmbang banyu | wisesa athuking nala | wusing karya karya gayung sumur | dadi têtambaning brôngta | kunir jênar yèn katêmu ||

Narmada têmpur samudra | anyungap rasaning kalbu | gagêlang munggèng panuduh | tan liya liya mung sira | sêsulung kang lung kang mêdal esuk | dalan gêdhe jroning praja | yèn tan liron sih kalurung ||

Macan galak wulu badhak | môngsa borong raganingsun | burat pada bok ya wanuh | loji kulon Majasanga | Bayalali lalia maring sun | kang sela panglawêt gônda | kapisanan ing pandulu ||

Panu biru munggèng jaja | puspita lêsah ing gêlung | sun tohi layon wong ayu | gong alit ing pawayangan | sun têdha têdha bisaa kumpul | karanjang pangubak nila | wus kêburan wartanipun ||


Enggih | babo | teja wiyat kang wisma salin panggonan | babo | srênging karsa tanna ngalih amung sira ||

Enggih | babo | wastra adi pakaryan | wong nungsatara | babo | sun kaliling lêlana saya kalênglêng ||

Enggih | babo | sêmbung gilang dwipôngga lit ing Palembang | babo | singa-singa kang sun gugu mikatoni ||

Enggih | babo | tirta wiyat janma têlik duratmaka | babo | kadya edan kalanglangan lara brôngta ||

Enggih | babo | puspa rêta nayana tan kawatgata | babo | wira-wiri sun ulati nora ana ||

Enggih | babo | buron toya wilisan sanga lan kalih | babo | baya sira nora wêlas maring dasih ||

Enggih | babo | tambang kuda puspitaning jalma lena | babo | ngapus krama | paran wus têlas sihira ||

Enggih | babo | ujung kampuh baju kang tanpa lêngênan | babo | tanpa kônca kontang-kanting lara brôngta ||

Enggih | babo | puspa krêsna sapu bale winatara | babo | kalênglêngan kalut ing lara wiyoga ||

Enggih | babo | toya reka sêmut bang kang cinonthongan | babo | bêndunira arang-arang kawistara ||

Enggih | babo | ilèr ijo ingkang sasana ing Têgal | babo | kênthang-kênthang dasihe tan sinatmata ||

Enggih | babo | kisma rêngat gagêlang munggèng dariji | babo | sun la-êla tan kêna lali sadina ||

Enggih | babo | pêgsi krêsna toya mijil jumantara | babo | gudhandhangan dasihe kedanan dika ||

Kamis, 30 November 2017

Cerita Purwalelana (1877) Mengenai Keraton Surakarta


           Ing satunggilipun dintên, kula kaajak santana kula nêningali salêbêting nagari, lampah kula anjujug ing alun-alun lèr. Alun-alun wau wiyar, wringinipun ing pinggir mubêng sami agêng-agêng, wondening wringining sêngkêran kêkalih, kang satunggil nama jayandaru satunggilipun dewandaru, alun-alun wau botên wontên rumputipun, awit saking kandêling pasir, mila katingal angilak-ilak. Sangandhaping wringin kang urut pinggir punika, kathah griya-griya sirap, wangun mandhapi, ananging samangke sampun kathah kang sami risak. Griya-griya wau pasowananipun para pangeran tuwin bupati ing kalanipun sampeyan dalêm ingkang sinuhun lênggah magêlaran. Ananging sarèhning Kangjêng Susuhunan miyosipun ing sitihinggil namung manawi grêbêg kemawon, mila griya-griya wau kathah ingkang sami risak, botên patosa karimatan. Ingkang sisih wetan wontên griya sirap karuji banon, kanamakakên pangurakan, punika pagenanipun kagungan dalêm sami, kang kasadhiyakakên bilih wontên karsa dalêm angabên utawi ngrampog.
Alun-alun kang sisih kidul, ingkang têngah wontên legokanipun, kawastanan pagêlaran, pagenanipun ngadhêp para abdi dalêm ing nalikanipun sampeyan dalêm lênggah ing sitinggil. Ing antawisipun pagêlaran kalihan alun-alun, wontên mriyêmipun tiga agêng-agêng, nama sapujagad, kumba-kumba utawi kumbarawa tuwin wanikumba utawi kumbarawi, ing antawisipun mriyêm kumbarawa tuwin kumbarawi wau, wontên wranginipun kêkalih, kanamakakên wringin gung sarta wringin binatur, ing pagêlaran wau wontên mandhapènipun alit anama bangsal pangrawit, lênggahanipun sampeyan dalêm bilih amriksani abên-abênan.
Sitihinggil punika wontên ing sakidulipun pagêlaran, mila kawastanan makatên, awit urug-uruganipun sitihinggil, inggahan saking pagêlaran dhatêng ing sanginggilipun sitihinggil punika, kanamakakên wijil pisan, ing ngriku wontên tratagipun gêdhèg dêling cagakipun pilar banon, inggih punika ingkang kawastanan tratag rambat, punika pagenaning ngadhêp para kangjêng pangeran manawi Sampeyan Dalêm Kangjêng Susuhunan lênggah ing bangsal panguntur tangkil ingkang kajobin kalihan sela cêndhani, wondening tritisipun gathuk kalihan tratag rambat. Sawingkingipun bangsal punika wontên griya malih kang kanamakakên bangsal witana, pagenaning mriyêm kang anama nyai sêtomi, mriyêm wau kaulêsan dening cindhe kakrêbongan dening kajang.
Kiwa têngênipun bangsal panguntur tangkil wau, wontên griyanipun malih nama bangsal angun-angun sarta bale bang, pagenaning gôngsa, bilih sampeyan dalêm ingkang sinuhun lênggah anangkil.
Udhun-udhunaning sitihinggil kang sisih kidul malêbêt ing kadhaton, sawingkinging bangsal witana, kanamakakên kori rêntêng.
Sampuning kula ningali ing kori rêntêng wau, kula lajêng wangsul dhatêng ing alun-alun malih, sadhatêng kula ing ngriku, lajêng malêbêt ing kori supiturang, punika margi kang angubêngi sitihinggil, sarta lajêng malêbêt ing kadhaton, têpanging margi kori supiturang wau, wontên ing sangandhapipun kori rêntêng anama kori mangu utawi brajanala.
Saking kori brajanala, kula lajêng lumampah dumugi sangajênging regol agêng kang anama mandhungan, ing salêbêting kori wau, kula ningali panggung banon kang inggiling watawis wontên 80 kaki, kanamakakên panggung sônggabuwana, wondening pagenaning panggung wau wontên ing palataran sakiwaning mandhapi karaton, cêlak kalihan kori srimanganti kang sisih êlèr.
Ing salêbêting wêngkon karaton punika kawastanan ing lêbêt bètèng, bètèng karaton wau, watawis kula wontên satêngah pal pasagi, wondening salêbêting bètèng wau, kados kitha alit, kathah griya alit-alit, têtiyang sêsadean sinjang-sinjang tuwin têtêdhanan warni-warni, tuwin kathah dalêmipun para kangjêng pangeran, punapa dene para santana tuwin abdi-abdinipun para agêng kang sami adêdalêm ing ngriku, têtiyang lumampah anglangkungi kathahipun, margi ing salêbêting bètèng wau kalêbêt wiyar, mila kenging kalampahan kreta.
Têtiyang kang sampun anate nêningali kitha-kitha ing bawah gupêrmenan, saupami nêningali utawi lumampah ing salêbêting bètèng karaton wau, sayêktos kirang sênêng ing manahipun, awit saking ningali patraping têtiyang kang sami gagriya botên wontên pranatanipun, tuwin anglangkungi rêsahipun, rêrêsahing griya kathah kang sami kabucalan ing margi, mila ambêtipun kirang ecanipun. Dalêmipun para kangjêng pangeran ing ngriku sami alit-alit tuwin botên wontên wêngkonipun, amargi saking kirang papan.
Ing sakidulipun kadhaton punika, patrapipun sami ugi kados ingkang sisih lèr, kados kang kapratelakakên ing ngajêng, margi kang dhatêng sitihinggil kang kidul punika anama kori sarasêja, wondening sitihinggil kakidul punika alit sarta samangke sampun risak, awit botên karimatan, sanèsipun kalihan kang sisih lèr: namung botên mawi kori supiturang, wondening tiyang tuwin kreta lumampah ing sangandhaping sitinghinggil wau, kenging kemawon.
Alun-alun kidul punika, katingal langkungi jêmbar tinimbang alun-alun ingkang êlèr, ananging sampun risak sadaya, pagêr banon pinggiring alun-alun wau sampun sami rêbah, botên dipun dandosi utawi botên karimatan. Wringin ing têngahipun alun-alun wau kalih, anama wringin sêngkêran. Pojokipun ingkang sisih kidul kilèn, wontên griyaning gajah, sarta wontên gajahipun èstri satunggil.
Kalêrês ing dintên Kêmis, kula andhèrèk kalihan santana kula kang kula pondhoki, sowan malêbêt ing karaton, awit sampeyan dalêm ingkang sinuhun lênggah sinewaka, lêbêt kula wau anyalamur dados punakawanipun santana kula wau, lêbêt kula saking kori mandhungan lajêng malêbêt ing kori srimanganti lèr dumugi ing palataraning mandhapi karaton, dhatêng kula ing ngriku, kula lajêng lênggah ing sangandhaping wit jambu.
Saking ngriku kula ningali ing salêbêting mandhapi, katingal yèn jobinipun sela cêndhani pêthak. Wondening dalêm kadhaton punika namanipun: prabayaksa utawi prabayasa, sangajênging kori prabayasa wontên griyanipun alit ingkang kawastanan paringgitan, mandhapi kalihan paringgitaning prabayasa wau bênggang, ananging sarèhning mandhapi wau kaèmpêran kampung mubêng, dados tritisipun gathuk kalihan taritising paringgitan.
Prabayasa punika majêng mangidul, ananging kori ingkang mêdal dhatêng ing paringgitan salajêngipun dhatêng mandhapi, wontên ing wetan, dados anglambung, mila mandhapènipun dados wontên ing sawetaning prabayasa majêng mangetan. Sakiduling mandhapi wau, wontên griya panjang mujur mangidul mawi dipun pagêri gêlas mubêng kados dening kamar, kawastanan mandhapi ijêm utawi mandhapi gêdhah, inggih punika pagenaning dhahar bilih sampeyan dalêm  ingkang sinuwun pista kalihan para Walandi.
Ing sapinggiripun palataranipun mandhapi karaton wau, kaubêngan gêdhong pisang salirang kados dening kampung pagenan praboting prajurit. Kados ta gêdhong pagenaning prajurit mijipinilih, tamtama tuwin sapiturutipun atdi dalêm prajurit sadaya, salèripun mandhapi, gêdhong kang majêng mangidul, kawastanan gêdhong pacarikan, punika pagenaning abdi dalêm para carik.
Salèring prabayasa wontên gêdhong malih ingkang mujur mangilèn, nama gêdhong panêpèn, inggih punika pagenan panêpèn utawi lênggahan dalêm ingkang sinuhun.
Wondening panggung sônggabuwana kang kapratelakakên ing ngajêng wau, pagenaning wontên ing sawetanipun kori srimanganti ing salêbêting capuri utawi ing sisih lêbêt.
Anggèn kula malêbêt ing karaton wau, cinjangan kula cothan, botên ngangge rasukan, sarta ngure rema, mila kawastanan ngure, awit botên mawi ngangge gêlung, rema kula naming katangsulan utawi dipun pocong kemawon.
Pinuju ing dintên Sêtu sontên kula tumut malêbêt ing karaton malih, ing ngriku kula ningali kathah talèdhèk kang sami jogèt ing mandhapi, kathahipun watawis wontên 40, kula pitakèn dhatêng tiyang kang kula dhèrèki wau, punika talèdhèk punapadene kathahipun kantos samantên, angsulaning kang kula pitakèni, punika dede talèdhèk, wondening namanipun bêdhaya, kang sami dados bêdhaya wau, para santana dalêm tuwin para bêndara, para putrinipun kangjêng pangeran, mila srimpi utawi bêdhaya wau botên kenging bêksa wontên ing sajawining kadhaton, manawi botên wontên sampeyan dalêm ingkang sinuwun. Wondene kang asring kenging bêksa ing jawining kadhaton, punika para santana kang sampun têbih-têbih utawi para abdi pancèn tiyang alit.
Bêksanipun badhaya wau anglangkungi saking sahanipun, panganggènipun ugi sami anèh-anèh, ing tanah pasisir botên wontên kados makatên. Bab bêksa tuwin panganggèning bêdhaya wau, kula botên sagêd anyriyosakên ing sêrat punika, sanadyan kula criyosakên sayêktos kirang gênahipun, bilih botên aningali piyambak.

Minggu, 29 Oktober 2017

Memang Kita kok yang Paling Suci


Sebetulnya saya tidak terlalu tertarik untuk menulis artikel gosip, tapi beberapa hari ini timeline saya di sosmed banyak dihiasi mengenai kabar keputusan Rina Nose yang melepaskan jilbab. Karena saya jarang nonton TV jadi saya tidak begitu tahu siapa Rina Nose, tapi jika melihat hal yang demikian saja bisa menjadi komoditas berita, berarti dia memiliki banyak penggemar. Ada yang memberi dukungan moral, ada yang kontra, ada yang sampai menghujat sedemikian rupa, ada juga yang memposting artikel-artikel keagamaan yang (semoga saya salah) bertujuan menyindir perempuan yang melepas jilbab. Saya tidak akan ikut-ikutan mengomentari Rina Nose, saya malah lebih tertarik membahas mereka yang berkomentar.
Sebetulnya apa yang terjadi kepada Rina Nose tidaklah suatu hal baru dijaman sekarang ini, beberapa tokoh masyarakat juga pernah mengalami hal serupa karena kasus serupa, penyanyi senior Trie Utami misalnya. Saya ingat betul ketika saya masih duduk di bangku SMA beberapa tahun yang lalu, ada salah seorang guru saya yang awalnya berjilbab, tiba-tiba tampil tidak berjilbab di sekolah. Dan satu sekolah pun geger, jauh lebih heboh daripada ketika sang guru tadi menang lomba bioteknologi internasional di Taiwan.
Mungkin masyarakat kita memanglah terkenal sebagai masyarakat yang begitu sosial, terkenal dengan gotong royongnya, tenggang rasanya, ramah tamahnya dan berbagai identitas yang sudah lama disematkan. Segala permasalahan sosial haruslah dipikirkan bersama, saking banyaknya permasalahan sosial di masyarakat kita sampai kita kesulitan membedakan mana permasalahan pribadi dan mana permasalahan bersama. Saking pedulinya terhadap orang lain, sampai seolah apa yang kita lihat dan apa yang kita dengar haruslah ikut kita pikirkan, ikut kita komentari dan ikut kita beri saran. Apalagi dengan berkembangnya medsos yang begitu cepat, menjadikan kita begitu reaktif, kalo nggak komentar kok gatel rasanya, kaya ada yang kurang….    
Meskipun medsos memberikan banyak sekali manfaat dalam kehidupan kita di era global ini. Namun sadar atau tidak juga menjadikan kita menjadi generasi yang reaktif, kita begitu mudah bereaksi terhadap segala sesuatu yang kita lihat meskipun apa yang kita lihat belum tentu benar. Kita begitu mudah terjun terhadap sebuah kesimpulan hanya dengan melihat suatu gambar, menonton suatu video atau membaca sebuah artikel. Saya sengaja mem-bold kata suatu dan sebuah karena memang kadang ya hanya satu dan hanya mewakili satu sudut pandang saja.
Suatu gambar yang kita lihat bisa saja telah diedit, tapi kita tidak tahu, atau kalaupun tidak diedit kita kadang juga tidak tahu latar belakang kejadian dalam gambar itu. Kita menonton sebuah video yang bisa saja telah disetting atau dipotong tanpa tahu faktanya secara holistic. Dan kita membaca sebuah artikel tanpa mencari artikel pembanding yang mewakili sudut pandang yang berbeda. Tapi kita begitu mudah percaya begitu saja dan langsung bereaksi di kolom komentar. Seperti yang sering kita alami dalam grup WA, jika ada salah seorang yang langsung berkomentar tanpa scroll dulu percakapan diatasnya. Antara nggak nyambung, lucu dan ngeselin.
Saya meyakini apa yang dilakukan Rina Nose pastilah sebuah keputusan berat yang dihasilkan dari sebuah pemikiran dan pertimbangan yang matang, sebagaimana ketika dia memutuskan untuk memakai jilbab. Tapi ya memang beginilah keadaan masyarakat kita tidak mau ambil pusing memahami dari sudut pandang lain, sehingga dengan serta merta berkomentar pedas, menghujat, memaki, seolah-olah dia adalah manusia paling berdosa dan sudah hakkul yakin pasti masuk neraka tidak bisa tidak. Medsos menjadikan masyarakat kita polisi sosial yang mengadili tanpa pengadilan. Bahkan mungkin ada yang merasa menjadi polisi Tuhan yang berhak menyatakan kamu berdosa dan kamu sudah pasti masuk neraka.
Saya jadi teringat guru saya waktu kecil Alm. Mbah Kyai Bakri karena memang saya dibesarkan di lingkungan santri. Beliau bercerita di masjid, pada waktu pertengahan salat tarawih ada makmum yang bertanya kepada teman sebelahnya, “ini rakaat ke berapa?”, teman sebelahnya menjawab “ini rakaat ke 6”. Karena merasa terganggu, seorang teman yang salat di shaf depannya menegur “ini sedang salat, kalian jangan bicara, kalau nggak khusyuk salat kalian batal”. Diantara ketiga orang ini siapakah yang salatnya batal? Tentu saja ketiga-tiganya batal karena ketiga-tiganya bicara saat salat. Tapi ternyata ada satu orang lagi yang ikut batal salatnya, ternyata ada satu lagi satu teman yang salat dibelakang ketiga orang ini, dia tidak ikut nimbrung waktu salat, tapi dalam hati dia bicara sambil memperhatikan mereka “untung aku nggak ikut ngomong, kalo nggak khusyuk kan salatnya batal” tanpa menyadari bahwa dia sendiri salatnya batal.
Mungkin kisahnya sangat sederhana, tapi kisah ini membakas di hati para santri, bahwa mencampuri urusan pribadi orang lain bukanlah hal yang benar jika dilakukan secara tidak tepat, fokus terhadap urusan diri sendiri dan introspeksi jauh lebih baik dibandingkan dengan mengoreksi orang lain. Kalau mbah kyai saya masih hidup mungkin beliau akan bertanya dengan bahasa jawa timurannya “Apa memang susahnya setengah mati sih menahan diri biar nggak komentar?”
Masih cerita dari guru saya. Waktu Nabi Isa AS masuk ke Baitul Maqdis (Yerusalem), beliau bertemu kerumunan orang, ternyata ada penggerebegan seorang pezinah (pelacur) padahal pezinah ini sudah diketahui bertaubat, tapi masyarakat tidak percaya. Berdasarkan hukum Yahudi kuno, maka seorang pezinah hukumannya adalah dilempari batu sampai mati (rajam), maka begitu datang Nabi Isa, orang-orang Yahudi itupun bermaksud menguji beliau. “Wahai nabi, apa yang harus dilakukan kepada seorang pezinah” Nabi Isa pun  menjawab “Jika menurut hukum Taurat, maka dia haruslah di lempari batu sampai mati”. Maka ketika semua orang di kerumunan itu telah siap dengan batunya masing-masing Nabi Isa bersabda “Barangsiapa diantara kalian tidak pernah melakukan kesalahan selama hidup, maka dialah yang berhak melempari perempuan ini dengan batu pertama kali” Dan semua orangpun diam tidak ada yang berani memulai hingga mereka meninggalkan tempat satu persatu.

Memang sangatlah mudah melihat kekurangan orang lain, karena kekurangan mereka berada di depan mata kita, akan lebih sulit melihat kekurangan diri sendiri, karena terletak dipunggung kita. Yang pasti sibuk mengkomentari kekurangan orang lain tidaklah akan membuat kita lebih baik darinya.
 https://empowerlove.files.wordpress.com/2015/06/perfect.png