Kamis, 30 November 2017

Cerita Purwalelana (1877) Mengenai Keraton Surakarta


           Ing satunggilipun dintên, kula kaajak santana kula nêningali salêbêting nagari, lampah kula anjujug ing alun-alun lèr. Alun-alun wau wiyar, wringinipun ing pinggir mubêng sami agêng-agêng, wondening wringining sêngkêran kêkalih, kang satunggil nama jayandaru satunggilipun dewandaru, alun-alun wau botên wontên rumputipun, awit saking kandêling pasir, mila katingal angilak-ilak. Sangandhaping wringin kang urut pinggir punika, kathah griya-griya sirap, wangun mandhapi, ananging samangke sampun kathah kang sami risak. Griya-griya wau pasowananipun para pangeran tuwin bupati ing kalanipun sampeyan dalêm ingkang sinuhun lênggah magêlaran. Ananging sarèhning Kangjêng Susuhunan miyosipun ing sitihinggil namung manawi grêbêg kemawon, mila griya-griya wau kathah ingkang sami risak, botên patosa karimatan. Ingkang sisih wetan wontên griya sirap karuji banon, kanamakakên pangurakan, punika pagenanipun kagungan dalêm sami, kang kasadhiyakakên bilih wontên karsa dalêm angabên utawi ngrampog.
Alun-alun kang sisih kidul, ingkang têngah wontên legokanipun, kawastanan pagêlaran, pagenanipun ngadhêp para abdi dalêm ing nalikanipun sampeyan dalêm lênggah ing sitinggil. Ing antawisipun pagêlaran kalihan alun-alun, wontên mriyêmipun tiga agêng-agêng, nama sapujagad, kumba-kumba utawi kumbarawa tuwin wanikumba utawi kumbarawi, ing antawisipun mriyêm kumbarawa tuwin kumbarawi wau, wontên wranginipun kêkalih, kanamakakên wringin gung sarta wringin binatur, ing pagêlaran wau wontên mandhapènipun alit anama bangsal pangrawit, lênggahanipun sampeyan dalêm bilih amriksani abên-abênan.
Sitihinggil punika wontên ing sakidulipun pagêlaran, mila kawastanan makatên, awit urug-uruganipun sitihinggil, inggahan saking pagêlaran dhatêng ing sanginggilipun sitihinggil punika, kanamakakên wijil pisan, ing ngriku wontên tratagipun gêdhèg dêling cagakipun pilar banon, inggih punika ingkang kawastanan tratag rambat, punika pagenaning ngadhêp para kangjêng pangeran manawi Sampeyan Dalêm Kangjêng Susuhunan lênggah ing bangsal panguntur tangkil ingkang kajobin kalihan sela cêndhani, wondening tritisipun gathuk kalihan tratag rambat. Sawingkingipun bangsal punika wontên griya malih kang kanamakakên bangsal witana, pagenaning mriyêm kang anama nyai sêtomi, mriyêm wau kaulêsan dening cindhe kakrêbongan dening kajang.
Kiwa têngênipun bangsal panguntur tangkil wau, wontên griyanipun malih nama bangsal angun-angun sarta bale bang, pagenaning gôngsa, bilih sampeyan dalêm ingkang sinuhun lênggah anangkil.
Udhun-udhunaning sitihinggil kang sisih kidul malêbêt ing kadhaton, sawingkinging bangsal witana, kanamakakên kori rêntêng.
Sampuning kula ningali ing kori rêntêng wau, kula lajêng wangsul dhatêng ing alun-alun malih, sadhatêng kula ing ngriku, lajêng malêbêt ing kori supiturang, punika margi kang angubêngi sitihinggil, sarta lajêng malêbêt ing kadhaton, têpanging margi kori supiturang wau, wontên ing sangandhapipun kori rêntêng anama kori mangu utawi brajanala.
Saking kori brajanala, kula lajêng lumampah dumugi sangajênging regol agêng kang anama mandhungan, ing salêbêting kori wau, kula ningali panggung banon kang inggiling watawis wontên 80 kaki, kanamakakên panggung sônggabuwana, wondening pagenaning panggung wau wontên ing palataran sakiwaning mandhapi karaton, cêlak kalihan kori srimanganti kang sisih êlèr.
Ing salêbêting wêngkon karaton punika kawastanan ing lêbêt bètèng, bètèng karaton wau, watawis kula wontên satêngah pal pasagi, wondening salêbêting bètèng wau, kados kitha alit, kathah griya alit-alit, têtiyang sêsadean sinjang-sinjang tuwin têtêdhanan warni-warni, tuwin kathah dalêmipun para kangjêng pangeran, punapa dene para santana tuwin abdi-abdinipun para agêng kang sami adêdalêm ing ngriku, têtiyang lumampah anglangkungi kathahipun, margi ing salêbêting bètèng wau kalêbêt wiyar, mila kenging kalampahan kreta.
Têtiyang kang sampun anate nêningali kitha-kitha ing bawah gupêrmenan, saupami nêningali utawi lumampah ing salêbêting bètèng karaton wau, sayêktos kirang sênêng ing manahipun, awit saking ningali patraping têtiyang kang sami gagriya botên wontên pranatanipun, tuwin anglangkungi rêsahipun, rêrêsahing griya kathah kang sami kabucalan ing margi, mila ambêtipun kirang ecanipun. Dalêmipun para kangjêng pangeran ing ngriku sami alit-alit tuwin botên wontên wêngkonipun, amargi saking kirang papan.
Ing sakidulipun kadhaton punika, patrapipun sami ugi kados ingkang sisih lèr, kados kang kapratelakakên ing ngajêng, margi kang dhatêng sitihinggil kang kidul punika anama kori sarasêja, wondening sitihinggil kakidul punika alit sarta samangke sampun risak, awit botên karimatan, sanèsipun kalihan kang sisih lèr: namung botên mawi kori supiturang, wondening tiyang tuwin kreta lumampah ing sangandhaping sitinghinggil wau, kenging kemawon.
Alun-alun kidul punika, katingal langkungi jêmbar tinimbang alun-alun ingkang êlèr, ananging sampun risak sadaya, pagêr banon pinggiring alun-alun wau sampun sami rêbah, botên dipun dandosi utawi botên karimatan. Wringin ing têngahipun alun-alun wau kalih, anama wringin sêngkêran. Pojokipun ingkang sisih kidul kilèn, wontên griyaning gajah, sarta wontên gajahipun èstri satunggil.
Kalêrês ing dintên Kêmis, kula andhèrèk kalihan santana kula kang kula pondhoki, sowan malêbêt ing karaton, awit sampeyan dalêm ingkang sinuhun lênggah sinewaka, lêbêt kula wau anyalamur dados punakawanipun santana kula wau, lêbêt kula saking kori mandhungan lajêng malêbêt ing kori srimanganti lèr dumugi ing palataraning mandhapi karaton, dhatêng kula ing ngriku, kula lajêng lênggah ing sangandhaping wit jambu.
Saking ngriku kula ningali ing salêbêting mandhapi, katingal yèn jobinipun sela cêndhani pêthak. Wondening dalêm kadhaton punika namanipun: prabayaksa utawi prabayasa, sangajênging kori prabayasa wontên griyanipun alit ingkang kawastanan paringgitan, mandhapi kalihan paringgitaning prabayasa wau bênggang, ananging sarèhning mandhapi wau kaèmpêran kampung mubêng, dados tritisipun gathuk kalihan taritising paringgitan.
Prabayasa punika majêng mangidul, ananging kori ingkang mêdal dhatêng ing paringgitan salajêngipun dhatêng mandhapi, wontên ing wetan, dados anglambung, mila mandhapènipun dados wontên ing sawetaning prabayasa majêng mangetan. Sakiduling mandhapi wau, wontên griya panjang mujur mangidul mawi dipun pagêri gêlas mubêng kados dening kamar, kawastanan mandhapi ijêm utawi mandhapi gêdhah, inggih punika pagenaning dhahar bilih sampeyan dalêm  ingkang sinuwun pista kalihan para Walandi.
Ing sapinggiripun palataranipun mandhapi karaton wau, kaubêngan gêdhong pisang salirang kados dening kampung pagenan praboting prajurit. Kados ta gêdhong pagenaning prajurit mijipinilih, tamtama tuwin sapiturutipun atdi dalêm prajurit sadaya, salèripun mandhapi, gêdhong kang majêng mangidul, kawastanan gêdhong pacarikan, punika pagenaning abdi dalêm para carik.
Salèring prabayasa wontên gêdhong malih ingkang mujur mangilèn, nama gêdhong panêpèn, inggih punika pagenan panêpèn utawi lênggahan dalêm ingkang sinuhun.
Wondening panggung sônggabuwana kang kapratelakakên ing ngajêng wau, pagenaning wontên ing sawetanipun kori srimanganti ing salêbêting capuri utawi ing sisih lêbêt.
Anggèn kula malêbêt ing karaton wau, cinjangan kula cothan, botên ngangge rasukan, sarta ngure rema, mila kawastanan ngure, awit botên mawi ngangge gêlung, rema kula naming katangsulan utawi dipun pocong kemawon.
Pinuju ing dintên Sêtu sontên kula tumut malêbêt ing karaton malih, ing ngriku kula ningali kathah talèdhèk kang sami jogèt ing mandhapi, kathahipun watawis wontên 40, kula pitakèn dhatêng tiyang kang kula dhèrèki wau, punika talèdhèk punapadene kathahipun kantos samantên, angsulaning kang kula pitakèni, punika dede talèdhèk, wondening namanipun bêdhaya, kang sami dados bêdhaya wau, para santana dalêm tuwin para bêndara, para putrinipun kangjêng pangeran, mila srimpi utawi bêdhaya wau botên kenging bêksa wontên ing sajawining kadhaton, manawi botên wontên sampeyan dalêm ingkang sinuwun. Wondene kang asring kenging bêksa ing jawining kadhaton, punika para santana kang sampun têbih-têbih utawi para abdi pancèn tiyang alit.
Bêksanipun badhaya wau anglangkungi saking sahanipun, panganggènipun ugi sami anèh-anèh, ing tanah pasisir botên wontên kados makatên. Bab bêksa tuwin panganggèning bêdhaya wau, kula botên sagêd anyriyosakên ing sêrat punika, sanadyan kula criyosakên sayêktos kirang gênahipun, bilih botên aningali piyambak.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar